TEMBANG-TEMBANG
MOCOPAT
v MASKUMAMBANG
Kelek-kelek
biyung sira aneng ngendhi
Enggal
tulungono
Awakku
kecemplung warih
Gulangeban
wis meh pejah
Guru wilangan Guru lagu Guru
gatra
12, 6, 8, 8 i, a, i, a 4
Watak Nelangsa, Ngeres
v MIJIL
Duk semana durung ana mijil
Pangkur miwah sinom
Dhandanggula durma kinanthine
Gambuh magatruh lawan maskentir
Durung ana lair
Kabeh tembang iku
Guru wilangan Guru lagu Guru gatra
10, 6, 10, 10, 6, 6 i, o, e, i,
i, u
6
Watak
Tresna
marang pepadha, Prihatin
v SINOM
Ing marga tan kacarita
Ing geladhang sampun prapti
Laju lun-alun utara
Sami ningali waringin
Kagunganing narpati
Dewadaru Jayadaru
Pinancaksuji tusan
Ngrembuyung rone ngayomi
Ngrembuyung rone ngayomi
Pating klewer sulure nyelapang wreksa
Guru wilangan Guru lagu Guru gatra
8, 8, 8, 8, 7, 8, 7, 8, 12 a, i, a, i, i, u, a, i, a 9
Watak Ethes ,Ngresepake
v KINANTHI
Padha gulangen ing kalbu
Ing sasmita amrih lanthip
Aja pijer mangan nendra
Kaprawihan deh kaesthi
Pesunen sariranira
Cegahen dhahar lan guling
Guru wilangan Guru lagu Guru gatra
10, 6, 10, 10, 6, 6 u, i, a,
i, a, i 6
Watak Seneng,
Tresna,Asih
v ASMARANDANA
Raras ruming asmaris
Sinurat awrih kawaca
Ing para siswa kabehe
Endahing taman punika
Makili nusantara
Pepak samudyanipun
Tata cara lan budaya
Guru wilangan Guru lagu Guru gatra
8, 8, 8, 8, 7, 8, 8 i, a, e, a, a,
u, a 7
Watak Grapyak,
Sangem, Susah, Seneng
v GAMBUH
Sekar gambur cinatur
Kang kacatur siswa klas nem ngrubung
Angrubung majalah kang nempel ing dhindhing
Ingkang medal saben minggu
Digantungake aneng tembok
Guru wilangan Guru lagu Guru gatra
7, 10,
12, 8, 8 u,
u, i, u, o 5
Watak Sumanak,
Sumadulur, Pitutur
v DHANDHANGGULA
Mamanise purwanira nguni
Masjid Demak kang ageng jenggarang
Arupi pondhok pesantren
Punika yasanipun
Raden Patah putra sang Aji
Ratu gung binathara
Brawijaya prabu
Kang jumeneng kaping gangsal
Miyos saking ibu sang dyah cempa putrid
Miyos Palembang
Guru wilangan Guru lagu Guru gatra
10, 10, 8, 7, 9, 7, 6, 8, 12, 7 i, a, e, u, i, a, u, a, i, a 10
Watak Ngeresepake,
Luwes
v DURMA
Ridha mawur, mengawur-awur wurahan
Tengaraning ajurit
Wong maguru gangsa
Teleg kaya butula
Wor pajriting turanggesthi
Rekatak ingkang
Dwaja lalayu sebit
Guru wilangan Guru lagu Guru gatra
8, 7, 6,
7, 8, 5, 7 a, i, a, a, i, a, i 7
Watak Galak,
Ngangah-angah, Nesu, Mangkel
v PANGKUR
Sekar pangkur kang winarna
Lelabuhan kang kanggo wong ngarip
Ala lan becik puniki
Prayogo kawruhana
Adat waton puniku dipun kadulu
Miwah ingkang tata krama
Den kaesthi riyang ratri
Guru wilangan Guru lagu Guru gatra
8, 11, 8, 7, 12, 8, 8 a, i, u, a, u, a, i 7
Watak Seneng,
Kereng, Nepsu
v MEGATRUH
Sigra milir sang
gethak siangga bajul
Kawan dasa kang
ngajeni
Ing ngarsa miwah
ing pungkur
Tanapi ing kanan
kering
Sang gethak
lampahnya alon
Guru wilangan Guru lagu Guru gatra
12, 8, 8, 8, 8 u, i, u, i, o 5
Watak Nglangut,
Susah, Prihatin, Getun
v POCONG
Bocah gemblong
ora tau weruh dunung
Patrape methengklang
Wicarane kasar
nyengit
Suwe-suwe dadi
bocah kurang ajar
Guru wilangan Guru lagu Guru gatra
12, 6, 8, 12 u,
a, i, a
4
Watak Sembrana
parikena, Gregetan, Kendha